7 Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Berbagai Tema, Perpisahan Sekolah hingga Pernikahan
JAKARTA, iNews.id - Contoh teks pidato Bahasa Jawa singkat dan mudah dihafal untuk dijadikan bahan referensi. Pidato Bahasa Jawa bisa dijumpai di berbagai acara formal atau hajat-hajat tertentu.
Pidato merupakan bentuk komunikasi satu arah yang dipakai untuk mengungkapkan pendapat tentang suatu hal serta mengajak orang lain untuk melakukan apa yang disampaikan. Pidato Bahasa Jawa biasa disebut dengan istilah Sesorah.
Sesorah adalah jenis pidato yang menggunakan Bahasa Jawa yang banyak digunakan di daerah Jawa Tengah dan Jawa Timur. Dalam sebuah pidato, Bahasa Jawa yang biasanya digunakan adalah bahasa halus atau dikenal dengan krama inggil.
Pidato yang bisa dibawakan dalam Bahasa Jawa juga dapat meliputi banyak tema. Berikut ini adalah kumpulan contohnya yang dikutip iNews.id dari berbagai sumber, Jumat (2/9/2022).
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kinurmatan Bapak Ketua RT 07 / RW 02. Bapak-bapak lan ibu-ibu ingkang minulya saha para murid wedok ingkang kula tresnani lan kono bank akan.
Langkung sepindah sumonggo kita panjatkan puja lan puji syukur maha agung pan sampun paring kesehatan marang kita sedaya saengga kita saget makempal wonten adicara punika tanpo alangan pinunggalanipun. Salajengipun kula aturaken sugeng rawuh malam tirakatan indonesia kaping 72.
Bapak ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Kita sedaya kados sampun mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 agustus 1945 indonesia mbiyawaraaken kamardikan
Para pemimpin bangsa kita punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi.
Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan sedaya kasmaraning menika yaiku saperlu tirakatan. Serta sesarengan nyenyuwun marang gusti allah supados nagari indonesia salajengipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.
Wonten kalepatanipun kula nyuwun agunge pangapunten. Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Assalamualaikum wr. Wb.
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Maha Kuasa ingkang kepareng paring rohmat lan hidayah sehingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.
Sholawat saha salam senantiasa kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad S.A.W. ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir,. kanthi ucapan Allahumma sholli ala sayyidina muhammad wa ala ali sayyidina muhammad ,
kula jumeneng teng ngriki ajeng medharake babagan Karesikan lingkungan. karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sedaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sehingga kita kedah nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.
Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani punika. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakake kanthi cara mbuwang larahan/sampah ing panggenan ingkang sampun disediakan, numindakake piket kelas kanthi teratur.
Cekap Semanten atur kawula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun agunging samudro pangapunten.
Wassalamualaikum wr. Wb
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah SMA Banyuripan. Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas SMA Banyuripan
Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMA Banyuripan sedaya
Puji syukur katuraken in ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Asih awit ing wekdal menika kita taksih pinaringan karaharjan saengga ing wekdal menika kita saged makempal.
Kula, saha wakil saking kelas kalih welas (12) ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dumateng kula lan rencang-rencang, saengga kita saged ngrampungake kewajiban ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan SMA Banyuripan.
Kula lan rencang-rencang naming saged ngaturaken pandonga mugi-mugi amal lan kasaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Allah SWT, tansah pinaringan kawilujengan, kasarasan, lan katentreman, saengga kita saged nggulawenthah dhateng para murid ngantos paripurna kanthi biji ingkang sae.
Kula lan rencang-renang ugi nyuwun gunging pangapunten awit asring ndamel Bapak Ibu Guru duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih Bapak Ibu Guru sedaya.
Dhumateng Bapak Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat Gusti Allah. Aamiin..Aamiin…Aamin.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak Bupati. Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu para tamu. Ingkang kula tresnani rencang-rencang kampung Pandang.
Monggo kita sesarengan njunjungaken puji syukur marang Gusti Allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia, saengga kita saged makempal sesarengan ing papan menika kanthi sehat wal afiat.
Ing papan menika, kawulo badhe nyampeaken sesorah bab lingkungan kagem mengeti Hari Lingkungan Sedunia.
Akhir-akhir menika, kita ngraosaken lingkungan ingkang mboten sami kaliyan lingkungan mangsa kita nom.
Minggahipun toya segoro ugi tambahi pun panas wonten lingkungan ingkang kasebat pemanasan global menika contonipun dampak lingkungan ingkang sampun rusak amargi polahe manungsa.
Ingkang nyebabken pemanasan global inggih menika ngagem listrik ingkang luwih, mboten wonten wit-witan ing papan rame, polusi saking motor lan mobil, ugi kahanan hutan ingkang sampun rusak. Mula, ayo kita sedaya padha njaga lingkungan supados saged dinikmati para generasi enom.
Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Ketua Pemuda Kampung Klayaran. Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Kampung Klayaran ingkang sampun rawuh. Ingkang kula tresnani, rencang-rencang sedaya
Puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, amargi ing wekdal menika kita taksih pinaringan rahmat saengga kita saged makempal wonten acara pengetan dinten Sumpah Pemuda kanthi pinaringan karaharjan.
Kula, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu ingkang sampun rawuh ing pawiyatan menika.
Bapak Ibu serta sederek ingkang kula urmati, kados sampun kita mangertosi bilih rikala 28 Oktober 1928, para pemuda Indonesia nglaksanakake Sumpah Pemuda.
Para pemuda saking kathah wilayah saking Indonesia ngaturaken sumpah kagem niteni menawi para pemuda ugi gadah semangat kagem njaga NKRI.
Sumpah Pemuda ingkang awujud deklarasi dados tanda menawi semangat njagi kesatuan NKRI mboten namung wonten tiyang sepuh kemawon, nanging ugi tiyang nom. Isi sumpah pemuda inggih menika:
“1. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
2. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku bertumpah darah satu, tanah air Indonesia
3. Kami putra dan putri Indonesia, menjunjung tinggi bahasa persatuan, bahasa Indonesia”
Mugi-mugi isi sumpah pemuda menika saged dados diamalke kagem Indonesia ingkang luwih becik. Cekap semanten atur kula. Menawi wonten kalepatan, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb.
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala SMP Rukun Makmur
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu SMP Rukun Makmur
Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMP Rukun Makmur
Sepisan sumangga kita ngaturaken agunging panuwun dumateng Allah SWT, saengga wonten titi wanci punika kita saget muwajahah ing papan menika tanpa alangan.
Sholawat lan salam mboten kasupen tansah kita kunjukaken dumateng nabi panutan kita nabi agung Muhammad SAW.
Bapak Ibu saha kanca-kanca ingkang kinurmatan, Keparenga kula, Amalia, ing wekdal menika ngaturaken sekedhik irah-irah babagan budi pekerti tumrap kita sedaya konjuk nguri-uri budaya jawi wiwit nglaksanakake unggah ungguh utawi budi pekerti kanthi sae saestu supados urip bakal ayem, tentrem, saha bagya.
Para rawuh ingkang satuhu bagya mulya, unggah ungguh ing wekdal menika sejatosipun sampun mrihatinake.
Mila, kita kedah sami-sami sinau babagan unggah ungguh tumrap tiyang sepuh, sesepuh, saha saking Bapak Ibu guru.
Cekap semanten atur saking kula. Menawi kathah kalepatan saha kekiranganipun nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
Assalamualaikum Wr. Wb.
Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati.
Soho poro tamu undangan walimatul ursy lan sedoyo pengantar penganten ingkang kulo hormati.
Wonten ing mriki kawulo minangka wakil saking tiyang sepuh ( wali ) temanten jaler inggih puniko Bpk. Tasroni sekeluarga, soho minangka wakil sedoyo pengantar kemanten sangking desa Karangdempel, keparengo matur sepindah bilih sowan kulo sak rombongan mulai bidal sangking desa Karangdempel ngantos dumugi dusun Sikancil mriki Alhamdulillah bilih kawontenan kulo sak rombongan wonten ing perjalanan dipun paringi wilujeng boten wonten setunggal alangan punopo.
Kaping kalihipun kawulo matur nuwun sanget dumateng Bapak H. Tuban sekeluargo, dene menopo kulo sak rombongan tansah dipun sediakan papan pinarakan soho hidangan-hidangan ingkang tansah ngremenaken dumateng manah kawulo, boten sanes mugi-mugi sedoyo meniko tansah ndadosno amal ingkang dipun trami wonten ngarsanipun Allah SWT. Amin.
Itulah 7 contoh pidato Bahasa Jawa singkat dengan berbagai tema. Contoh pidato tersebut dapat menjadi pembelajaran sekaligus referensi bagi yang ingin melakukan pidato dengan memakai Bahasa Jawa.
Editor: Komaruddin Bagja