get app
inews
Aa Text
Read Next : 7 Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa, Berkesan!

Contoh Kultum Ramadhan Bahasa Jawa, Bisa Jadi Referensi 

Selasa, 04 Maret 2025 - 12:30:00 WIB
Contoh Kultum Ramadhan Bahasa Jawa, Bisa Jadi Referensi 
Contoh Kultum Ramadhan Bahasa Jawa (Foto: Istimewa)

JAKARTA, iNews.id - Contoh kultum Ramadhan Bahasa Jawa berikut ini bisa dijadikan sebagai referensi. Kultum atau kuliah tujuh menit merupakan istilah yang tidak asing di telinga masyarakat Indonesia. 

Kultum merupakan sebuah kegiatan untuk menyampaikan suatu hal di depan khalayak umum. Biasanya, kultum disampaikan di berbagai acara keislaman. Contohnya sebelum sholat tarawih. 

Di Indonesia, biasanya kultum disampaikan menggunakan bahasa nasional. Namun, di beberapa tempat juga ada yang menyampaikannya dengan bahasa daerah. Salah satunya Bahasa Jawa. 

Nah, bagi kamu yang belum menemukan inspirasi mengenai contoh kultum Ramadhan Bahasa Jawa, simak 5 contohnya di bawah ini. 

Contoh Kultum Ramadhan Bahasa Jawa

1. Contoh Kultum Ramadhan Bahasa Jawa 1

Assalamu’alaikum Wr. Wb. Ingkang kawula hormati bapak ibu guru ingkang rawuh ten kelas niki. Pertami tami monggo kita sesarengan manjataken puja lan puji syukur dumateng gusti Allah ingkang maringi pinten pinten kenikmatan sainggo kita saged rawuh teng mriki.

Sholawat saha salam mugi katur dhumateng nabi Muhammad SAW, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat saha para pendherekipun.

Parasederek, wonten ing kelas menika, badhe kawula aturaken babagan Lailatul Qodar, setunggaling malem ingkang dipun mulyakaken dening Alloh SWT. Satunggaling malem menika anugerah saking Alloh tumrap insane beriman ingkang bobotipun tanpa upami. 

Kados ingkang sinebat wonten ing Al-qur’an surat Al-Qodar :1-5, wondene asbabun nuzul utawi sebab sebab tumurunipun Lailatul Qodar inggih punika midherek satunggaling hadits riwayat Ibnu Jarir ingkang asalipun saking mujahid inggih punika bilih ingkang jamanipun Bani Israil wonten satunggaling tiyang jaler ingkang anggenipun ngibadah wiwit wekdal ndalu dumugi enjangipun, lajeng jihad nglawan musuh ing siangipun. 

Lelampahan wau dipun leksanakaken ngantos 1000 sasi. Tumunten lajeng Alloh nurunakensurat Al-Qodar ingkang negasaken bilih setunggal ndalu malem Lailatul Qodar ingkang sae tinimbang ibadahipun 1000 sasi tumrap Bani Israil wau.

Kangge ngadepi Malem Lailatul Qodar, Rosululloh SAW paring toladan, sabuk dipun kencengaken, keluwarga dipun gigah, dipun ajak ngathah ngathahaken ngibadah. 

Ade sudaryat mbagi tingkatan tingkatan penerimaan Lailatul Qodar dados tigang perangan inggih punika, setunggal ingkang paling inggil, inggih punika lailatul qodar ingkang saged kagayuh dening para nabi lan rosul. Kaping kalih, tingkatan cukup inggil, inggih punika lailatul qodar ingkang saged kagayuh dening para ulama sufi. 

Kaping tigo, tingkatan awam, inggih punika tiyang awam ingkang saged nggayuh kautaman lailatul qodar jiwanipun badhe istiqomah anggenipun nglaksanakaken dhawuh gusti Alloh lan nebihi laranganipun. Kula raos cukup semanten pidato ingkang kawula aturaken. Menawi wonten kesalahan kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

2. Contoh Kultum Ramadhan Bahasa Jawa 2

Assalamu'alaikum wr. wb.

Sugeng dalu ingkang pitulungipunipun, para hadirin lan hadirat ingkang kados lan saget ngrasakake panjenengan punika kabeh amargi nikmat lan rahmat saking Gusti Allah ingkang Maha Agung.

Ingkang punika kaosipun kultum punika kabeh titimangsa punika sedekah. Sedekah punika salah sawijining pangrasahe saka lima pangrasahe Islamipun, sing nate sedulur, sholat, puasa, lan haji.

Sedekah saged dipunmaksudake minangka pangrakyate dumateng Allah SWT, lan ugi saget dianggep minangka siji saka carane dumateng sesami, lan punika kabeh isinipunipun kudu saged kanggo ajengan lan amal jariyah.

Sedekah punika saged dianggep minangka pangrakyate dumateng Allah SWT amargi saged nguripaken cipta lan rizki kanggo amal jariyah.

Ingkang punika kaosipun kersa nyritakake, sedekah punika kudu dikaprawira lan kaprajuritaken. Kanggo kaprawira, saged dipunsaosaken minangka salah sawijining upaya kanggo ngendikake diri saking godhong kesusahan, sedulur sing nduweni kesusahan.

Sedekah punika kudu kaprajuritaken supaya saged bisa kabehipun ora saged ngarepe kagem panjenenganipunipun.

Sedekah kabehipun kudu saged dikawalipun saged banjur saged ditempati utawi disebar luwih kanggo sedulur sing nduweni kesusahan.

Ugi, sedekah kabehipun kudu saged dianggep minangka pangrakyate kanggo dumateng Allah SWT amargi punika kabeh isinipunipun bakal saged kasil kanggo amal jariyah.

Amal jariyah punika amal sing ngasilake manfaat lan kabehipun saged dikagungan utawi dikamulyake dening umat Islam.

Contone saged ngasilake masjid, pondok pesantren, lan ugi saged ngasilake wakaf utawi yayasan sosial.

Amargi amal jariyah punika kabehipun saged kasugihan ingkang nduweni sifat lan saged kasil ngarepe dumateng Allah SWT.

Lan, punika sedekah punika ora saged duwe ukuran lan besar kabehipun saged bisa kasil ngendi punika saged nduweni kesusahan.

Ingkang punika kaosipun kudu saged kersa ngajengake sedekah, banjur saged ndandani sedekah minangka pangrakyate kanggo dumateng Allah SWT lan sedulur sing nduweni kesusahan.

Ingkang punika kaosipun papat kula kulo kultum bahasa Jawa punika kabeh titimangsa punika sedekah.

Semoga kabehipun saged bisa Ingkang padha kula siraati, sedekah iku salah sawijining kewajiban sing disunatke maring umat Islam.

Sedekah iku kasunataning asal saka kata 'sadaqah' sing tegesipun kula siraati 'memberi dengan ikhlas tanpa pamrih'.

Dheweke iku salah sawijining amal kebaikan sing wajib dipunani dumateng Allah SWT, amarga ngalor ngidul sampun dipunani saka para nabi sing lajeng disadur wonten ing Al-Qur'an.

Ingkang paling andhal ing menehi sedekah iku kudu tegesipun kita ngalih tangane utawa hartane kang sawetara kanggo sajroning sesama, kanggo wong kang boten suwun utawa wong kang boten duwe dhewe kang padha ngemong, kanggo misale saka ngurip-urip, lan kanggo sumangenipun kang sak kerep tanpa dipunangan-anganipun.

Sedekah iku kudu diwenehi kanthi nggawe ringkesan, uga kudu nggawe sing katrangan lan aturannya, supaya sedekah sing kita wenehi bisa ngabagusake jiwa lan kacahe dhewe.

Ingkang kudu dadi perhatian iku kudu dhateng besaran sedekah kang wenehi, kudu becik jangan sampun becik banget, lan kang penting ngasorake akeh sing maring sedekah.

Dheweke iku kabeh kudu didandani kanthi mrenehi sedekah saka hati kang ikhlas lan kudu gawe kanthi becik, ingkang salah sawijining alasane sapa-sapa bakal ingat kanthi dheweke nalika sedekah iku disebut- sebut.

Laku iku menehi sedekah kabeh kudu nggawe salawasna nggawe iku menehi seneng dumateng Allah SWT lan uga sing nerusake sedekah iku kang jroning ngarani manungsa.

Sedekah iku bisa dadi kewajiban kang bisa dilaksanakake setiap saiki lan kang bisa dadi sawijining cara kang saged dilakoni supados kita saged mendekatkan diri kepada Allah SWT lan membantu saudara ingkang membutuhkaken. 

3. Contoh Kultum Ramadhan Bahasa Jawa 3

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

الْحَمْدُ للهِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ أَشْرَفِ الأَنْبِيَاءِ وَالـمُرْسَلِينَ وَعَلىَ آلِهِ وَأَصَحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَومِ الدِّينِ، أَمَّا بَعْدُ

Jemaah ingkang minulyo.

Monggo kito sami-sami taqwo dumateng Gusti Allah wonten ing pundi kemawon kanthi tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, Mugi-mugi kitotansah pikantuk rahmat lan kanugrahan saking Gusti Allah.

Jemaah, poso punika mboten namung ngempet ngelak lan luwe. Kulo lan panjenengan sami ugi nggulo wentah jasmani lan ruhani. Kelawan poso kito kedah ngelatih sabar, lan ngempet sedoyo kekarepan keenakan ingkang saget mengku doso saking kesenengane howo nafsu

Poso Ramadhan ndidik kita ugi supados ningkataken sifat kumawula kanti amal ibadah soho amal sosial. Saklebetipun wulan Ramadhan, kito mboten namung poso kemawon.

Monggo kito ngatahaken ibadah kados shalat tarawih dalunipun, tadarus Al Qur'an, giyatipun pengaosan, mekaten ugi amal sosial. Kito kados ngatahaken shadaqah, silaturrahim, ngabekti dateng tiyang sepuh, welas asih dateng sederek lan sanesipun.

Sedoyo babagan kala wau mugi saget kita raosaken meningkat ketimbang wekdal sanesipun wulan Ramadhan. Kito miguna'aken poso Ramadhan kanti sae lan nggadahi makno, soho ngasilaken hikmah kanthi katah tumrap kita sedoyo. Mugi-mugi amalan kito soho ditompo wonten ngersanipun Allah.

Mekaten kultum saking kula mugi-mugi ngasilaken manfaat dumateng kito sedoyo.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

4. Contoh Kultum Ramadhan Bahasa Jawa 4

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

الْحَمْدُ للهِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ أَشْرَفِ الأَنْبِيَاءِ وَالـمُرْسَلِينَ وَعَلىَ آلِهِ وَأَصَحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَومِ الدِّينِ، أَمَّا بَعْدُ

Jemaah ingkang minulyo.

Sadaya puji kagunganipun Allah subhanahu wa ta'ala. Allah sampun paring rahmat saha kanugrahanipun, saengga kita sami kaparingan kalodhangan ngrawuhi majelis ingkang tansah pinaringan barokah.

Monggo kito sami-sami taqwo dumateng Gusti Allah wonten ing pundi kemawon kanthi tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun.

Kita ugi aturaken sholawat saha salam dumateng junjungan kita Nabi Muhammad shallallahu alaihi wa sallam. Nabi Muhammad ingkang nabi akhir zaman ugi dados tuntunan umat manungsa supados slamet wonten ing dunyo lan akhirat.

Sedaya jemaah ingkang minulyo.

Wekdal lumampah kados dene kita sampun mlebet minggu kepisan kalih wulan Ramadhan. Kawajiban umat Islam nindakake pasa sampun kaandharaken wonten ing sabdanipun surat Al-Baqarah ayat 183:

"Yā ayyuhallażīna āmanụ kutiba 'alaikumuṣ-ṣiyāmu kamā kutiba 'alallażīna ming qablikum la'allakum tattaqụn."

Artinipun,"Wahai orang-orang yang beriman! Diwajibkan atas kamu berpuasa sebagaimana diwajibkan atas orang sebelum kamu agar kamu bertakwa."

Saklajengipun, kautaman wulan siyam inggih menika wulan penebus dosa. Wonten ing satunggaling hadis, Rasulullah ngendika:

Jarak antarane shalat limang wektu, shalat Jum’at lan pasa Jum’at lan Ramadhan sabanjure karo Ramadhan sabanjure minangka penebus dosa-dosa sing ana ing antarane, yen panjenengan ora nindakake dosa gedhe,” (HR Muslim).

Pramila sumangga kita tansah ngginakaken kalodhangan punika kanthi nambahi amal ibadah. Sumangga kita ngisi 10 dinten ingkang kaping setunggal kanthi nambahi amalan ibadah sunnah sanesipun supados pikantuk kamulyaning wulan Ramadhan saking Allah SWT.

Lajeng menapa ingkang saged kita tindakaken kangge nyuwun pangapunten dhumateng Allah? Ing antarane tumindak kasebut yaiku nambahake shalat wengi, sedekah, lan sakpiturute.

Ora mung Tarawih kang bisa dileksanakake ing masjid-masjid. Kito uga bisa ditambahi shalat-shalat liyane, kayata salat tobat, tasbih, tengah wengi ing telung wengi akhir, lan adat ditutup karo solat witir.

Kajaba iku, kita bisa nambahi donga ing wulan Ramadhan. Donga kanggo awake dhewe, wong tuwa, guru, sedulur lan sedulur liyane. Kita ugi saged maos Al-Qur’an lan dzikir supados pikantuk ganjaran ingkang kathah saking Allah.

Mekaten kultum saking kulo. Mugi-mugi atur kula menika wonten manfaatipin kagem kito sedaya.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

5. Contoh Kultum Ramadhan Bahasa Jawa 5

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh,

الْحَمْدُ للهِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ أَشْرَفِ الأَنْبِيَاءِ وَالـمُرْسَلِينَ وَعَلىَ آلِهِ وَأَصَحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَومِ الدِّينِ، أَمَّا بَعْدُ

Sadaya puji namung kagunganipun Allah Swt. Selawat lan salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW sesarengan kaliyan kulawarganipun, sahabat-sahabatipun, lan tiyang-tiyang ingkang ndherekaken dateng dinten akhir (kiamat). Amma ba'du...

Bapak/Ibu sederek ingkang dirahmati Allah SWT,

Alhamdulillah kito sedoyo kempal saged ngawontenaken majelis dakwah insyaallah ingkangdipun ridhoi kaliyan Allah SWT Wonten ing kalodhangan ingkang bingah punika, khotib badhe ngaturaken dakwah kanthi irah-irahan “Amalan Sunnah Sajrone Bulan Ramadan”.

Bapak/Ibu sederek ingkang dirahmati Allah SWT,

Kaum muslimin ingkang sampun mukalaf lan mboten gadhah uzur syar'i ing dinten Ramadhan dipun wajibaken siyam sewulan. Allah SWT dhawuh wonten ing surat Al-Baqarah ayat 183 babagan wajibipun nindakaken siyam Ramadhan:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ

Latin:

Yā ayyuhal-lażīna āmanū kutiba ‘alaikumuṣ-ṣiyāmu kamā kutiba ‘alal-lażīna min qablikum la‘allakum tattaqūn(a).

Artinya:

“Wahai orang-orang yang beriman, diwajibkan atas kamu berpuasa sebagaimana diwajibkan atas orang-orang sebelum kamu agar kamu bertakwa,” (QS. Al-Baqarah [2]: 183).

Puasa mujudake laku kang mligi. Salah sawijine amargi ganjaran ibadah niku langsung diganjar dening Allah SWT minangka riwayat Imam Muslim ing ngisor iki:

“Setiap amalan kebaikan yang dilakukan oleh manusia akan dilipatgandakan dengan sepuluh kebaikan yang semisal hingga tujuh ratus kali lipat. Allah ta’ala berfirman [yang artinya]: Kecuali amalan puasa. Amalan puasa tersebut adalah untuk-Ku. Aku sendiri yang akan membalasnya,” (HR. Muslim).

Hadis ing nginggil ugi dipunandharaken bilih amal kasaenan ing wulan Ramadhan badhe pikantuk ganjaran kaping kalih. Sakliyane niku, wonten amalan sunnah sing saged ditindakake dening umat Islam nalika pasa ing wulan Ramadhan.

Kapisan, nindakake ibadah sahur sadurunge pasa ing wayah awan. Sahur yaiku dhahar lan ngunjuk kangge ngumpulake tenaga, supaya bisa pasa wiwit Subuh nganti Maghrib. Hukum sahur niku sunnah, sebab Rasulullah saw. nindakaken.

Sahur bisa ditindakake sawise jam tigo nganti sakderenge tiba imsak (sakderenge subuh). Wekdal sahur ingkang utami inggih punika ing akhir wektu, anggenipun mboten nglangkungi batesan. Rasulullah saw. ngandika ing ngisor iki:

“Umatku senantiasa berada dalam kebaikan selama mereka mengakhirkan sahur dan menyegerakan berbuka,” (HR. Ahmad).

Bapak/Ibu sederek ingkang dirahmati Allah Swt,

Laku kaping kalih ingkang saged dipuntindakaken nalika pasa inggih menika nyepetake buka puasa sasampunipun mlebet waktu, utawi mireng adzan Maghrib. Rasulullah saw. dhawuh babagan sunnah nyegerake buka wonten ing hadis.

“Jika salah seorang berpuasa, hendaknya ia berbuka dengan kurma. Jika tidak ada kurma, maka dengan air. Sebab, air itu menyucikan,” (HR. Abu Dawud).

Laku kaping telu sing saged ditindakake sajrone pasa Ramadhan yaiku sedekah marang wong liya. Sedekah niki saged nggunakake panganan, jajanan, lan menu buka laine. Rasulullah saw. ing riwayatipun Imam Ahmad ngandika makaten:

“Siapa saja yang memberi makanan berbuka kepada seorang yang berpuasa, maka dicatat baginya pahala seperti orang puasa itu, tanpa mengurangi sedikitpun pahala orang yang berpuasa tersebut,” (HR. Ahmad).

Bapak/Ibu sederek ingkang dirahmati Allah SWT,

Amalan kaping sekawan ingkang saged dipuntindakaken nalika pasa inggih menika iktikaf, meneng ing masjid kanthi nindakaken maneka warni amalan kangge nyedhak dateng Allah SWT Wonten ing riwayat saka Ibnu Umar ra. matur, "Rasulullah saw, tansah nindakake itikaf ing sepuluh dina pungkasan ing wulan Ramadhan," [Muttafaq 'Alaih].

Satunggaling amalan ingkang saged dipuntindakaken nalika iktikaf wonten ing masjid inggih menika maos Al-Qur’an. Wulan Ramadhan inggih punika dijuluki syahrulquran utawi wulane Al-Qur'an. Wonten ing sejarahipun, ayat al-Qur’an ingkang kapisan inggih punika surat Al-Alaq ayat 1-5, dipunturunaken wonten ing wulan suci niki.

Allah SWT wonten ing surat Al-Baqarah ayat 185 ngengingi babagan keistimewaan Ramadhan, wulan Al-Qur'an mangkene:

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ ۗوَمَنْ كَانَ مَرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَ ۗيُرِيْدُ اللّٰهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَ ۖوَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ

Latin:

Syahru ramaḍānallażī unzila fīhil-qur`ānu hudal lin-nāsi wa bayyinātim minal-hudā wal-furqān, fa man syahida mingkumusy-syahra falyaṣum-h, wa mang kāna marīḍan au 'alā safarin fa 'iddatum min ayyāmin ukhar, yurīdullāhu bikumul-yusra wa lā yurīdu bikumul-'usra wa litukmilul-'iddata wa litukabbirullāha 'alā mā hadākum wa la'allakum tasykurụn.

Artinya:

“Bulan Ramadan adalah [bulan] yang di dalamnya diturunkan Al-Qur'an, sebagai petunjuk bagi manusia dan penjelasan-penjelasan mengenai petunjuk itu dan pembeda [antara yang benar dan yang batil]. Karena itu, barangsiapa di antara kamu ada di bulan itu, maka berpuasalah.

Dan barangsiapa sakit atau dalam perjalanan [dia tidak berpuasa], maka [wajib menggantinya], sebanyak hari yang ditinggalkannya itu, pada hari-hari yang lain. Allah menghendaki kemudahan bagimu, dan tidak menghendaki kesukaran bagimu. Hendaklah kamu mencukupkan bilangannya dan mengagungkan Allah atas petunjuk-Nya yang diberikan kepadamu, agar kamu bersyukur,” (QS. Al-Baqarah [2]: 185).

Bapak/Ibu sederek ingkang dirahmati Allah SWT,

Semenika ceramah sing saged diwedharake. Mugi-mugi kita dipun paringi kelancaran anggenipun nindakaken maneka warni ibadah ing wulan Ramadhan 2025. Mugi-mugi Allah SWT bunga kaliyan laku sing kita lakoni. Aamiin allahuma amin.

Wassamualaikum warahmatullahi wabakaratuh

Itulah ulasan mengenai contoh kultum Ramadhan Bahasa Jawa. Semoga menginspirasi!

Editor: Komaruddin Bagja

Follow Whatsapp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
Lihat Berita Lainnya

iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut