Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Akhlak

JAKARTA, iNews.id - Contoh pidato bahasa Jawa tentang akhlak berikut patut untuk disimak. Isinya mengajak audiens untuk bersikap baik kepada sesama.
Mirip dengan pidato bahasa lainnya, pidato bahasa Jawa ini juga terdiri dari pembukaan, isi, dan penutup. Adapun deretan contohnya, yang dilansir iNews.id dari berbagai sumber, Kamis (22/2/2024), adalah sebagai berikut.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala SMP Pinawengi
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu
Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMA Jaya,
Sepisan sumangga kita ngaturaken agunging panuwun dhumateng Alloh SWT, saengga wonten titi wanci punika kita saget muwajahah ing papan menika tanpa alangan.
Sholawat lan salam mboten kasupen tansah kita kunjukaken dumateng nabi panutan kita nabi agung Muhammad SAW.
Bapak Ibu saha kanca-kanca ingkang kinurmatan, Keparenga kula, Amalia, ing wekdal menika ngaturaken sekedhik irah-irah babagan budi pekerti tumrap kita sedaya konjuk nguri-uri budaya jawi wiwit ngalaksanakaken unggah ungguh utawi budi pekerti kanthi sae saestu supados urip bakal ayem, tentrem, saha bagya.
Para rawuh ingkang satuhu bagya mulya, unggah ungguh ing wekdal menika sejatosipun sampun mrihatinaken.
Mila, kita kedah sami-sami sinau babagan unggah ungguh tumrap tiyang sepuh, sesepuh, saha saking Bapak Ibu guru.
Cekap semanten atur saking kula. Menawi kathah kalepatan saha kekiranganipun nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Ingkang kawulo hormati poro hadirin soho hadirot rencang-rencang sedoyo ingkang kawulo hormati ugi kawulo tresnani.
Monggolah sesarengan ngunjukaken syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun maringi katah-katah kenikmatan dumateng kito, inggih puniko nikmat jasmani soho rohani sehinggo kito saget bermuwajahah lan berkumpul wonten acar puniko.
Sholawat ma'assalam mugi kaatur dumateng Nabi Muhammad SAW, nabi akhir zaman ingkang kito tenggo syafaatipun mbenjang wonten kiyamat. Amin.
Rencang sedoyo ingkang kawulo tresnani, kito sedoyo mesti anggadahi tiyang sepah utawi bapak lan ibu leres mboten? Kito dilahiraken wonten alam dunyo kelawan lantaran wong tuwo loro. Cobi kawulotangklet kaleh rencang-rencang, wonten mboten seng lahiripun mboten lantaran kelawan Ibu? Mesti mboten wonten. Bapak soho ibu kito sampun susah payah wiwit dereng lahir dumugi kito saget urip piyambak utawi urip mandiri, wiwit saking kandungan ibu kito kesusahan sange tanggone nganduk bayi kito wonten ing rahim. Maring pasar digowo, maring masjid digowo, tumbas sayur di........ tumbas trasi di..... tumbas sarapan di...... tersudgowo.
Hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati, pripun kito anggoning bekti marang wong tuo? Nopo kito kedah maringi duit ingkang katah? Nopo kito kedah ambangunaken umah ingkang gede? Bentuk bekti marang wong tuwo loro inggih puniko gampil sanget, contonipun kito manut marang wong tuwo loro, mboten mbentak, lan khurmat kalih tiyang sepah kalih.
Wonten surat Al Isro' ayat 23-24 Allah Ta'a asampun berfirman:
۞ وَقَضٰى رَبُّكَ اَلَّا تَعۡبُدُوۡۤا اِلَّاۤ اِيَّاهُ وَبِالۡوَالِدَيۡنِ اِحۡسَانًا ؕ اِمَّا يَـبۡلُغَنَّ عِنۡدَكَ الۡكِبَرَ اَحَدُهُمَاۤ اَوۡ كِلٰهُمَا فَلَا تَقُلْ لَّهُمَاۤ اُفٍّ وَّلَا تَنۡهَرۡهُمَا وَقُلْ لَّهُمَا قَوۡلًا كَرِيۡمًا ٢٣ وَاخۡفِضۡ لَهُمَا جَنَاحَ الذُّلِّ مِنَ الرَّحۡمَةِ وَقُلْ رَّبِّ ارۡحَمۡهُمَا كَمَا رَبَّيٰنِىۡ صَغِيۡرًا ؕ ٢٤
َ
Ingkang arosipun mekaten, "Lan Pangeranmu dhawuh supaya sira aja nyembah liyane, kajaba mung Panjenengane, lan nindakake kabecikan marang sira. Yen salah sijine wong tuautawa lawas ing kasarasan, aja ngucapake maturnuwun marang loro "ah" lan ajanguwuh-uwuh kedadeyan kasebut, lan ngomongake kanthi alus. Lan padha ngasorake awakmu dhewe marang wong loro kasebut kanthi sedhih lan ngomong. Dhuh Gusti, mugi tresna dhateng tiyang-tiyang punika kados tiyang-tiyang ingkang sampun kula wucalaken nalika isih cilik."
Hadirin ingkang kawulo hormati, kito mboten pareng matur hus, marang wong tuwo, nopo maleh ngomel-ngomel, meniko sangat mboten diparengaken. Kito kedah miturut menopo ingkang dipundawuhaken wong tuwo marang kito, keranten menawi tiyang sepah matur insyaallah niku pitutur ingkang sae, mboten pitutur ingkang bade anjerumusaken poro putanipun piyambak.
Poro rawuh sedoyo ingkang kawulo hormati, menikolah ingkang saget kawulo aturaken, mbok bilih wonten kesalahanipun kawulo pangapunten sanget.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Itulah beberapa contoh pidato bahasa Jawa tentang akhlak. Semoga bermanfaat.
Editor: Komaruddin Bagja