Kumpulan Contoh Pidato Bahasa Tegal tentang Maulid Nabi, Penuh Makna
JAKARTA, iNews.id - Contoh pidato bahasa Tegal tentang Maulid Nabi Muhammad SAW pendek dan singkat menarik untuk diulas. Maulid Nabi yang diperingati umat Islam tiap 12 Rabiul Awal merupakan salah satu Hari besar umat Islam.
Di tahun ini, Maulid Nabi jatuh bertepatan pada hari Kamis, 28 September 2023. Perayaan tersebut sebagai bentuk kebahagiaan umat Islam akan kelahiran Rasulullah SAW yang membawa rahmat bagi alam semesta.
Melalui peringatan Maulid Nabi ini perlu dijadikan momentum bagi umat Islam untuk meneladani akhlak Rasulullah SAW.
Berbagai cara dapat dilakukan untuk menyampaikan sejarah, akhlak terpuji dan keteladanan Rasulullah kepada banyak orang, salah satunya melalui pidato.
Pidato dalam Bahasa Tegal kini sudah banyak dilakukan masyarakat, tak terkecuali di lingkungan Pemkot Tegal, Pemkab Tegal, dan Pemkab Brebes. Pidato bahasa Tegalan itu biasanya disampaikan di acara-acara penting seperti Hari Jadi Kabupaten Tegal.
Pidato berbahasa Tegal pertama dicetuskan Bupati Tegal (alamtrhum) Ki Enthus Susmono di Hari Jadi Kabupaten Tegal beberapa tahun silam. Sejak itu, pidato bahasa Tegal mulai dipakai resmi. DIalek bahasa Tegal memang berbeda dengan bahasa Jawa pada umumnya.
Berikut ini iNews.id akan berikan ulasan mengenai contoh pidato bahasa Tegal tentang Maulid Nabi Muhammad SAW.
Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh.
Hadirin Rahimakumullah,
Ayoo kabeh pada-pada ngucapna rasa syukur marang Gusti Allah SWT sing wis ngein pirang-pirang kenikmatan lan karunia. Sehingga, nang dina sing bahagia kiye, awak dhewek kabeh bisa kumpul kanggo meringati Maulid Nabi Muhammad SAW.
Sholawat serta salam semoga tetep dicurahna marang junjungan kita kabeh yaiku Nabi Muhammad SAW. Sebab, Kanjeng Nabi SAW wis nuduhna dalan sing bener marang kita kabeh yaiku agama Islam.
Hadirin Rahimakumullah
Tiap tanggal 12 Rabiul Awal, kabeh umat Islam ning belahan dunia pada meringati Maulid Nabi atawa Muludan. Sebab apa diperingati, mergane nang tanggal istimewa itu lahire Kanjeng Nabi SAW.
Alhamdulilah, nang momen sing penting kiye kita sedaya bisa bersilaturahmi dalam keadaan sehat wal afiat.
Hadirin Rahimakumullah
Istilah Maulid Nabi kuwe asale saka bahasa Arab, yaitu wa-la-da sing artine “lahir.” Kata maulid artine waktu kelahiran, sehingga nang bahasa Indonesia bisa diartikena dina lahir.
Momentum peringatan hari lahir Nabi Muhammad SAW kiye bisa ndadekna waktu sing apik kanggo bersilaturahmi. Ugo bisa didadekna kesempatan kanggo bersyukur marang Gusti Allah sebabe wis ngutus manusia paling agung, paling sae akhlake yaiku Nabi Muhammad SAW.
Mangkane, nang momentum peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW 2022, kula ora mandek-mandek ngingatna marang kabeh bae sing hadir nang kene aja bosen-bosen maca sholawat marang Kanjeng Nabi SAW.
Sholawat kuwe ibadah sing mulia, Allah lan para malaikate uga ngaturaken sholawat marang Nabi SAW. Allah Ta'ala berfirman dalam Alquran, Surat Al Ahzab ayat 56.
اِنَّ اللّٰهَ وَمَلٰۤىِٕكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّۗ يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
Artine: Saktemene Allah lan malaikat-malaikate bershalawat kanggo Nabi. Hai wong-wong sing iman, shalawatlah sampean kabeh marang Kanjeng Nabi lan ngucapna salam penghormatan marang Nabi. (QS. Al Ahzab: 56).
Hadirin Rahimakumullah
Maca sholawat wis disebutna nang hadits akeh keutamaane lan manfaate kanggo awak dhewek. Kaya sing kasebut nang hadits Nabi SAW:
عَنْ عَبْدِ اللَّهِ بْنِ مَسْعُودٍ؛ أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ: "أَوْلَى النَّاسِ بِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَكْثَرُهُمْ عَلَيَّ صَلَاةً".
Artine: Saking Abdullah ibnu Mas’ud, bahwa Rasulullah Saw wis pernah bersabda: Wong sing paling berhak oleh syafaatku mengko nang dina kiamat, kuwe wong sing paling akeh maca shalawat marang aku.
Keutamaan sholawat liyane kuwes bisa ngapus dosa sing dilakoni.
وقال صلى الله عليه وسلم: {صَلاَتُكُمْ عَلَيَّ مَحَّاقَةٌ}.
Artine: Nabi Shollallohu alaihi wasallam bersabda : "Sholawat enyong kabeh marang Kanjeng Nabi kuwe dadi pengahancur (dosa-dosa)".
Keutamaan maca sholawat ugo bisa dadi dalan kanggo mbuka pintu doa.
وقال صلى الله عليه وسلم: {مَا مِنْ دُعاءٍ إلا بَيْنَهُ وَبَيْنَ السَّماءِ حِجَابٌ حَتَّى يُصَلِّيَ عَلَيَّ ، فإذا صَلَّى عَلَيَّ انْخَرَقَ ذٰلِكَ الحِجَابُ وَرُفِعَ الدُّعَاءُ}.
Nabi Shollallohu alaihi wasallam bersabda : "Ora nana doa kejaba nang antarane donga kuwe lan langit ana hijab atawa aling-aling sehingga kebuka yen diwacakna sholawat".
Wis sakmono disit atur kawula kaitane karo peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW. Muga-mugaha kita sedaya entuk rahmat lan syafaat saking Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Wallahul Muwafiq ilaa aqwamith thariiq. Wassalamu 'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Assalamualaikum warahmatullah wabarakatuh,
Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, enyong ngucapna matur nuwun wis dingein kesempatan kanggo nyampekna pidato tentang Maulid Nabi.
Sing paling pertama, ayuuh pada ngucapna syukur marang Gusti Allah SWT sing wis ngein akeh kenikmatan utamane nikmat iman, islam, lan ihsan.
Kaping pindo, sholawat serta salam semoga terus dicurahna marang Baginda Nabi Muhammad SAW, sing wis nuduhna dalan kebenaran yaiku agama Islam.
Nang kesempatan sing apik lan akeh barokah kiye, enyong arep nyampekna pidato Maulid Nabi kaitane amalan sing ora tau ditinggalna Kanjeng Nabi SAW.
Amalan apa kuwe? Amalan Kanjeng Nabi SAW sing ora tau luput dilakokna yaiku nglepasn jabat tangan sak durunge sahabat beliau nglepasna disit.
Bisane kaya kuwe? Sebabe, menurut para ulama, jabatan tangan kuwe salah siji cara kanggo ngerontokna dosa atawa amalan sing ora apik sing wis awak dhewek lakoni marang wong liya.
Mugane, ayoo bapak, ibu lan sekabehane bae aja kosih awak dhewek medhot tali silaturahmi. Mungkin sk mene ndisit atur kawula. Mbok bilih ana sing ora sreg nang ati kabeh, kula njaluk pangapura sing akeh.
Mangan kupat sayure lodeh. Angger nyong lepat njaluk ngapura deh.
Terima kasih atas perhatian dan kehadiran Anda semua.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Editor: Kastolani Marzuki