Contoh teks MC Bahasa Jawa pengajian​ (Foto: Freepik)

3. Contoh Teks MC 3

Assalamu’alaikum Wr. wb

بسم الله الرحمن الرحيم الحمد لله رب العالمين و الصلاة والسلام على اشرف الانبياء و المرسلين سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين اما بعد

Khadrotil muhtaromin, dumateng poro alim, poro ulama, poro kyai, poro haji hajjah, poro ustadz ustadzah Ingkang kawulo hormati, wabil khusus dumateng panjenenganipun Almukarom KH. Saiful Anwar saking Harjowinangun Tersono ingkang kito mulyaaken lan kito tenggo2 punopo ingkang dados fatwa soho nasihatipun.

Dumateng panjenenganipun Bapak Abdul Manan selaku Ketua Tanfidziyah NU Ranting Desa Tembok beserta banom-banomnya, GP. Ansor, Muslimat Fatayat, Rekan-rekanita IPNU-IPPNU Ranting Desa Tembok ingkang kawulo hormati.

Dumetang penjenenganipun Bapak H. Maryoso, S.Pd selaku kepala Desa Tembok beserta perangkatnya ingkang kito hormati.

Hadirin-hadiro Rohimakumullah.

Sepindah monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan dumateng kito, salah setunggalipun nikmat iman lan islam, sehinggo kito taseh saget bertatap muka, bermuwajahah, bersilaturrakhim dalam kegiatan Selapanan Rutin Rebo Manisan NU Ranting Desa Tembok ingkang mboten wonten alangan setunggal punopo, kanti ngucap Alhamdulillahirobbil alamin.

Kapeng kalihipun, sholawat soho salam mugio katur deneng Nabi Agung Nabi Muhammad SAW, mugi-mugi kanthi kito ngrawuhi acara meniko saget dadosaken kito termasuk umat ingkang angsal syafaatipun, Amin ya robbal alamin.

Hadirin-hadirot rohimakumullah

Sak derengipun acara kito bukak, kawulo minangkani pranotocoro bade maosaken acara2 ingkang bade kalampah meniko.

Acara ingkang sepindah, pembukaan

Acara ingkang kaping kalih, waosan ayat-ayat suci al qur’an

Acara ingkang kaping tigo, prakata panitia

Acara ingkang kaping sekawan, sambutan-sambutan

Acara ingkang kaping gangsal, istirahat

Acara ingkang kaping enem, mauidloh khasanah sekaligus do’a

Acara ingkang kaping pitu-penutup.

Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan Ummul Kitab.

لرضا الله تعالى ولشفاعة رسول الله صلى الله عليه وسلم

Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, amin ya robbal alaim.

Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, ingkang bade di waos deneng Al Ustadz Ikrom, dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.

Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun. Mugi-mugi saget mempertebal iman lan taqwa dumateng Allah SWT.

Acara ingkang nomor tigo, inggih meniko prakata panitia, ingkang bade dipun sampeaken deneng .......... dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.

Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun.

Acara ingkang selajengipun, sambutan-sambutan

Sambutan ingkang sepindah, saking Ketua Tanfidziyah NU Ranting Desa Tembok, Dumateng

Penjenenganipun Bapak Abdul Manan kawulo summanggaaken.

Matur nuwun kawulo sampeaken.

Sambutan ingkang nomer kaleh, saking Kepala Desa Tembok, Dumateng Panjenenganipun Bapak H. Maryoso, S.Pd kawulo summanggaaken.

Matur nuwun kawulo aturaken.

Acara selajengipun, inggih meniko istirahat,

Kangge ngisi wekdal istirahat, dumateng grup rebana Cagar Seno

Istirahat kawulo cekapaken.

Acara ingkang terakhir inggih meniko mauidloh khasanah, ingkang bade dipun asto deneng AlMukarom KH. Saiful Anwar saking Harjowinangun Tersono. Dumateng penjenengaipun wekdal sepepnuhnya kawulo summanggaaken.

Maturnuwun kawulo aturaken, mugi-mugi punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat.

Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging pangapunten. Akhiron, Wallahul Muwaafiq Iaa Aqwamith Thoriq

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Demikian ulasan mengenai contoh teks MC Bahasa Jawa pengajian​. Semoga bermanfaat. 


Editor : Komaruddin Bagja

Sebelumnya
Halaman :
1 2

BERITA POPULER
+
News Update
Kanal
Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik Lebih Lanjut
MNC Portal
Live TV
MNC Network