Hadirin Rahimakumullah
Maca sholawat wis disebutna nang hadits akeh keutamaane lan manfaate kanggo awak dhewek. Kaya sing kasebut nang hadits Nabi SAW:
عَنْ عَبْدِ اللَّهِ بْنِ مَسْعُودٍ؛ أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ: "أَوْلَى النَّاسِ بِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَكْثَرُهُمْ عَلَيَّ صَلَاةً".
Artine: Saking Abdullah ibnu Mas’ud, bahwa Rasulullah Saw wis pernah bersabda: Wong sing paling berhak oleh syafaatku mengko nang dina kiamat, kuwe wong sing paling akeh maca shalawat marang aku.
Keutamaan sholawat liyane kuwes bisa ngapus dosa sing dilakoni.
وقال صلى الله عليه وسلم: {صَلاَتُكُمْ عَلَيَّ مَحَّاقَةٌ}.
Artine: Nabi Shollallohu alaihi wasallam bersabda : "Sholawat enyong kabeh marang Kanjeng Nabi kuwe dadi pengahancur (dosa-dosa)".
Keutamaan maca sholawat ugo bisa dadi dalan kanggo mbuka pintu doa.
وقال صلى الله عليه وسلم: {مَا مِنْ دُعاءٍ إلا بَيْنَهُ وَبَيْنَ السَّماءِ حِجَابٌ حَتَّى يُصَلِّيَ عَلَيَّ ، فإذا صَلَّى عَلَيَّ انْخَرَقَ ذٰلِكَ الحِجَابُ وَرُفِعَ الدُّعَاءُ}.
Nabi Shollallohu alaihi wasallam bersabda : "Ora nana doa kejaba nang antarane donga kuwe lan langit ana hijab atawa aling-aling sehingga kebuka yen diwacakna sholawat".
Wis sakmono disit atur kawula kaitane karo peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW. Muga-mugaha kita sedaya entuk rahmat lan syafaat saking Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Wallahul Muwafiq ilaa aqwamith thariiq. Wassalamu 'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh Pidato Maulid Nabi Kedua
Assalamualaikum warahmatullah wabarakatuh,
Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, enyong ngucapna matur nuwun wis dingein kesempatan kanggo nyampekna pidato tentang Maulid Nabi.
Sing paling pertama, ayuuh pada ngucapna syukur marang Gusti Allah SWT sing wis ngein akeh kenikmatan utamane nikmat iman, islam, lan ihsan.
Kaping pindo, sholawat serta salam semoga terus dicurahna marang Baginda Nabi Muhammad SAW, sing wis nuduhna dalan kebenaran yaiku agama Islam.
Nang kesempatan sing apik lan akeh barokah kiye, enyong arep nyampekna pidato Maulid Nabi kaitane amalan sing ora tau ditinggalna Kanjeng Nabi SAW.
Amalan apa kuwe? Amalan Kanjeng Nabi SAW sing ora tau luput dilakokna yaiku nglepasn jabat tangan sak durunge sahabat beliau nglepasna disit.
Bisane kaya kuwe? Sebabe, menurut para ulama, jabatan tangan kuwe salah siji cara kanggo ngerontokna dosa atawa amalan sing ora apik sing wis awak dhewek lakoni marang wong liya.
Mugane, ayoo bapak, ibu lan sekabehane bae aja kosih awak dhewek medhot tali silaturahmi. Mungkin sk mene ndisit atur kawula. Mbok bilih ana sing ora sreg nang ati kabeh, kula njaluk pangapura sing akeh.
Mangan kupat sayure lodeh. Angger nyong lepat njaluk ngapura deh.
Terima kasih atas perhatian dan kehadiran Anda semua.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Editor : Kastolani Marzuki
Artikel Terkait