Teks khutbah Jumat bahasa Jawa edisi 19 September 2025. (Foto: Dok.iNews)

JAKARTA, iNews.id - Contoh teks khutbah Jumat Bahasa Jawa edisi 19 September 2025 di Bulan Rabiul Awal untuk disampaikan khatib kepada jemaah sholat Jumat. Saat khatib menyampaikan khutbah, jemaah wajib mendengarkan dengan seksama karena menyangkut pahala dan keutamaan sholat Jumat.

Kali ini, tema khutbah Jumat tentang pesan Kanjeng Nabi Muhammad SAW terkait empat perkara yang akan di hadapi manusia saat hari kiamat. Naskah khutbah ini ditulis Dr KH Abdul Fatah Sekretaris LD PCNU Kabupaten Tegal dilansir dari laman PCNU Cilacap.

Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa 19 September 2025 Terbaru Bikin Jemaah Menangis

اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ وَفَّقَ مَنْ شَاءَ مِنْ خَلْقِهِ بِفَضْلِهِ وَكَرَمِهِ، وَخَذَلَ مَنْ شَاءَ مِنْ خَلْقِهِ بِمَشِيْئَتِهِ وَعَدْلِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَلَا شَبِيْهَ وَلَا مِثْلَ وَلَا نِدَّ لَهُ، وَلَا حَدَّ وَلَا جُثَّةَ وَلَا أَعْضَاءَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا وَعَظِيْمَنَا وَقَائِدَنَا وَقُرَّةَ أَعْيُنِنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،وَصَفِيُّهُ وَحَبِيْبُهُ. اَللهم صَلِّ وَسَلَّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ بْنِ عَبْدِ اللهِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالَاهُ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إَلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ، وَلَا حَوْلَ وَلَا قُوَّةَ إِلَّا بِاللهِ. أَمَّابَعْدُ، فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ الْقَائِلِ فِيْ مُحْكَمِ كِتَابِهِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ  سورة الحشر: ١٨

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Monggo kita tansah nginggilaken taqwa dhateng Allah SWT, inggih punika kanthi nglampahi dhawuh-dhawuhipun Allah lan nyingkiri sedaya ingkang dados laranganipun Allah SWT. Amargi namung kanthi taqwa dhateng Allah, kita badhe pikantuk kabagyaning donya saha akhirat.

Minangka umatipun Kanjeng Rasulullah Nabi Muhammad SAW, mesthi kita kedah ngimani sedaya dawuhipun piyambakipun, sanadyan punika kalebet perkawis ghaib, kados ta wontenipun yaumul hisab lan prakawis-prakawis ingkang badhe kelampahan wonten ing salebeting dinten punika, kados ta sekawan perkawis ingkang badhe dipun pitakaken nalika dinten pitungan amal mengko.

Kanjeng Rasulullah SAW nate ngendika wonten ing salah satunggaling haditsipun, bilih saben manungsa mengko badhe pikantuk pitakenan babagan amal perbuatanipun ing ngajengipun Allah SWT ing dinten kiamat. Pitakenan punika nyakup prakawis umum lan ugi prakawis tartamtu ing salebetipun kajawi iman saha ibadah tiyang.

Miturut Hadits Riwayat Imam Tirmidzi, Kanjeng Rasulullah Muhammad SAW kanthi cetha nerangaken babagan sekawan perkawis ingkang badhe dipun pitakaken nalika hisab mengko. Kanjeng Nabi Muhammad SAW ngendika :

لَا تَزُوْلُ  ٍقَدَمَا عَبْد  يَوْمَ الْقِيَامَةِ حَتَّى يُسْأَلُ عَنْ عُمْرِهِ فِيْمَا اَفْنَاهُ وَعَنْ عِلْمِهِ فِيْمَا فَعَلَ وَعَنْ مَالِهِ مِنْ اَيْنَ إِكْتَسَبَهُ وَفِيْمَا اَنْفَقَهُ وَعَنْ جِسْمِهِ فِيْمَا أَبْلَاهُ

Artosipun: “Boten badhe obah kalih telapak sikile sawijining abdining Allah wonten ing dinten kiamat, dumugi piyambakipun kapundhut pitakenan (dipundangu tanggel jawab) bab yuswanipun, kagem punapa dipun-ginakaken; bab ngelmunipun, kadospundi dipun-amalaken; bab bandhanipun, saking pundi dipun-gayuh lan kagem punapa dipun-ginakaken; saha bab badanipun, kagem punapa dipun-ginakaken.” (HR. Imam Tirmidzi).

Miturut hadits punika, wonten sekawan perkawis ingkang badhe kapundhut tanggel jawab wonten ing dinten kiamat, utawi langkung cetha wonten ing Yaumil Hisab, inggih punika dinten pambiji amalipun manungsa. Sekawan perkawis punika inggih menika:

Kaping Setunggal umur, kita badhe dipun-pundhut pitakenan, kagem punapa dipun-ginakaken nalika gesang ing donya. Menapa kagem ngibadah saha amal kebecikan, utawi kosokbalenipun, namung kagem maksiat saha gegojegan kemawon.

Manawi yuswa dipun-ginakaken kagem ngibadah lan amal kebecikan, kadospundi gegayutan kaliyan ḥablum minallah (sholat, poso, haji, lan sanesipun), ḥablum minannas (nulungi sesami, nyantuni fakir miskin, lan sapiturutipun), utawi ḥablum minal-‘alam (ngasihi kewan, boten nyiksa, boten nguncalaken rereged sembarangan, lan sanèsipun), mesthi kalebet amal sae. Kanthi mekaten, kita badhé kasuwun mlebet swarganipun Allah SWT.

Nanging, manawi dipun-ginakaken kagem maksiat saha poya-poya, mesthi neraka ingkang badhe dados papan wangsulipun.

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah

Kaping kalih, “Kita badhe dipunjaluk tanggel jawab babagan elmu kita. Menapa kita sampun ngupadosi elmu, lan menawi sampun, menapa sampun nglampahi utawi ngamalakenipun.
Rasulullāh ngendika:

عن حذيفة  قال رسول الله : وَيْلٌ لِمَنْ لاَ يَعْمَلْ، وَوَيْلٌ لِمَنْ عَلِمَ ثُمَّ لَا يَعْمَلُ

Artosipun: “Saking Hudzaifah, Rasulullah SAW dawuh: Bilahi wong kang boten sinau ilmu agama ingkang fardlu ‘ain, lan bilahi ugi wong kang sinau nanging boten nglampahi (ngamalken).”

Kaping tiga, kita badhe dipun pitaken bab bondho, saking pundi anggenipun angsal, punapa kanthi dalan ingkang halal utawi kanthi dalan ingkang dipun haramaken. Lan sasampunipun angsal bondho, kanggé punapa bondho punika dipun-ginakaken. 

Punapa kangge perkawis ingkang sae utawi malah kanggé perkawis maksiat dhumateng Allah SWT. Mila bondho ingkang paling sae punika bondho ingkang dipun-gadhahi tiyang-tiyang shalih, amargi bondhone dipun-ginakaken kangge perkawis ingkang sae. Rasulullah SAW dhawuh:

نِعْمَ الْمَالُ الصَّالِحُ لِلرَّجُل الصَّالِح

Artosipun: “Sae-saening bandha punika aondha ingkang dipun-gadhahi dening tiyang-tiyang sholeh (HR. Imam Ahmad).


Editor : Kastolani Marzuki

Halaman Selanjutnya
Halaman :
1 2
BERITA POPULER
+
News Update
Kanal
Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik Lebih Lanjut
MNC Portal
Live TV
MNC Network