get app
inews
Aa Text
Read Next : Contoh Teks MC Pernikahan Islami Bahasa Jawa, Singkat dan Elegan

7 Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa, Berkesan!

Rabu, 09 April 2025 - 22:22:00 WIB
7 Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa, Berkesan!
Contoh Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa (freepik)

Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen Ujian Sekolah ngantos kasil lulus, kepareng kula nyuwun pamit saha donga pangestu Bapak saha Ibu guru supados kula sarencang saget nglajengaken pawiyatan dhateng SMP.

Bapak saha Ibu Guru ingkang kinurmatan, sandyan kula sarencang sampun purna pawiyatan wonten ing SDN 03 Gili , angangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha kaluhuran SDN 03 Gili. 

Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

7. Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmaten Bapak kepala sekolah ugi Bapak Ibu guru SDN 1 Bangun Jaya ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kaleh ingkang kula krisnani.

Mangga ngaturaken puji syukur dhumateng gusti Allah Swt, ingkang sampun maringi nikmat lan kewarasan saenggo kita saged kempal wonten acara perpisahan sak menika.

Kula ngaturaken matur nuwun saageng-agengipun kagem Bapak ugi Ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula saha rencang-rencang dateng pawiyatan mriki menika ingkang dangunipun enem warsa.

Mboten keraos kula ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawitan mriki. Wonten ing adicara perpisahan menika, kula nyuwun agengipun pangapunten sangking Bapak Ibu guru wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten mriki menawi gadhah kalepatan. 

Mugi-mugi Bapak Ibu guru kersa ngapuntenaken sedaya kelepatan kula. Sampun cekap anggenipun kula matur, menawi wonten kelepatan, kula nyuwun agenggipun pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Demikian ulasan mengenai Contoh pidato perpisahan kelas 6 Bahasa Jawa. Semoga bermanfaat!

Editor: Komaruddin Bagja

Follow Whatsapp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
Lihat Berita Lainnya

iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut