JAKARTA, iNews.id - Contoh pidato bahasa Jawa tentang perpisahan yang bisa dijadikan bahan referensi. Umumnya, pidato bahasa Jawa sering dijumpai di berbagai acara formal atau hajat-hajat tertentu.
Pidato adalah bentuk komunikasi satu arah yang dipakai untuk mengungkapkan pendapat tentang suatu hal serta mengajak orang lain untuk melakukan apa yang disampaikan. Pidato bahasa Jawa biasa disebut dengan istilah Sesorah.
Sesorah sendiri adalah jenis pidato yang menggunakan Bahasa Jawa yang banyak digunakan di daerah Jawa Tengah dan Jawa Timur.
Secara umum, pidato bahasa Jawa menggunakan bahasa halus atau dikenal dengan krama inggil. Pidato bahasa Jawa bertema perpisahan sekolah ini cocok dibacakan saat acara perpisahan atau untuk memenuhi tugas sekolah.
Berikut ini adalah kumpulan contohnya yang dikutip iNews.id dari berbagai sumber, Selasa (10/1/2023).
1. Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah SMA Banyuripan. Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas SMA Banyuripan.Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMA Banyuripan sedaya.
Puji syukur ngaturaken in ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Asih awit ing wekdal menika kita taksih pinaringan karaharjan saengga ing wekdal menika kita saged makempal.
Kula, saha wakil saking kelas kalih welas (12) ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dumateng kula lan rencang-rencang, saengga kita saged ngrampungake kewajiban ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan SMA Banyuripan.
Kula lan rencang-rencang naming saged ngaturaken pandonga mugi-mugi amal lan kasaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Allah SWT, tansah pinaringan kawilujengan, kasarasan, lan katentreman, saengga kita saged nggulawenthah dhateng para murid ngantos paripurna kanthi biji ingkang sae.
Kula lan rencang-renang ugi nyuwun gunging pangapunten awit asring ndamel Bapak Ibu Guru duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih Bapak Ibu Guru sedaya.
Dhumateng Bapak Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat Gusti Allah. Aamiin..Aamiin…Aamin.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
2. Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Editor : Komaruddin Bagja
Contoh pidato bahasa jawa Contoh Pidato Maulid Contoh Pidato perpisahan Contoh pidato singkat ten Contoh pidato yang menari
Artikel Terkait