get app
inews
Aa Text
Read Next : Kumpulan Contoh Pidato Perpisahan Kelas 9 Bahasa Jawa untuk Ujian Praktek

Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan

Selasa, 10 Januari 2023 - 17:35:00 WIB
Contoh Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan
Contoh pidato bahasa Jawa tentang perpisahan (Foto:Freepik)

3. Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmaten Bapak/Ibu kepala sekolah ugi bapak–ibu guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kaleh ingkang kula krisnani.

Mangga ngaturaken puji syukur dhumateng gusti Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat lan kewarasan saengga kita saged kempal wonten acara perpisahan sak menika.

Kula ngaturaken matur nuwun saageng-agengipun kagem bapak-ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula saha rencang-rencang dateng pawiyatan mriki menika ingkang dangunipun tigang warsa.

Mboten keraos kula nglampahi ngangsu kawruh wonten ing pawitan mriki. Wonten ing adicara perpisahan menika, kula nyuwun agengipun pangapunten sangking bapak/ibu guru wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten mriki menawi gadhah kalepatan. Mugi-mugi bapak/ibu guru kersa ngapuntenaken sedaya kalepatan kula.

Sampun cekap anggenipun kula matur, menawi wonten kalepatan, kula nyuwun agengipun pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

4. Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan

Assalamu'alaikum wr. wb

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang  maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dumateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.

Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan punika ingkang dangunipun tigang warsa.

Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kula piyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten saking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso  ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kalepatan kulo lan rencang - rencang.

Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mrika sampun kados sederek lan kaluarga. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Editor: Komaruddin Bagja

Follow Whatsapp Channel iNews untuk update berita terbaru setiap hari! Follow
Lihat Berita Lainnya

iNews.id
iNews Network
Kami membuka kesempatan bagi Anda yang ingin menjadi pebisnis media melalui program iNews.id Network. Klik lebih lanjut